Kowe tau ono ning atiku
kowe mbiyen ngancani uripku
saikine kowe lungo ninggal
janji palsu..
opo iki piwales tresnomu
ngukir cidro neng njero batinku
ngopo tego dolanan atiku
sak penakmu..
Naliko ati iki wes mantep milih kowe
nanging koq mburine aku mbok tinggalake
sorot ing mripatmu wes ra nandakake tresno
roso wes tok rampungi atiku tok larani
Yen kelingan janji manis rogo iku ra kuat
kabeh esemanku dadi luluh sambat
uripku soyo susah sak uwise kowe cidro
ra ngiro tresno suci iki dadine sewu loro
#)
Jroning ati pancen tresno marang nimas
nanging aku ra biso
mbaleni kabeh crito..
Reff:
Kowe tau ono ning atiku
kowe mbiyen ngancani uripku
saikine kowe lungo ninggal
janji palsu..
opo iki piwales tresnomu
ngukir cidro neng njero batinku
ngopo tego dolanan atiku
sak penakmu..
Rembulan wengi iki nggowo roso kang tipis
lintang dadi saksi perih ing sambat tangis
sembrebet angin tresno wes mandek mbok gowo lungo
opo iseh pantes kulo paring ngapuro
Pancen kudu pisahan Gusti kang paring dalan
kabeh crito mung pantes dadi kenangan
ora ono ucap pisah kang iso dadi tinggalan
mergo kowe wes ra biso kanggo dijak bebrayan
#)
Jroning ati pancen tresno marang nimas
nanging aku ra biso
mbaleni kabeh crito..
Reff:
Kowe tau ono ning atiku
kowe mbiyen ngancani uripku
saikine kowe lungo ninggal
janji palsu..
opo iki piwales tresnomu
ngukir cidro neng njero batinku
ngopo tego dolanan atiku
sak penakmu..
Ra bakal tak baleni tresnamu koyo geni
kang sumlebyar, mlabat ngobong roso kang suci
saiki pancen wes ra biso bali ning wektu mbiyen
ilang ukoro opo meneh gawe crito balen
Wis yo wis ojo, nggugah manah kang turu
tresno Kasih lan ati kang mbiyen udu duwekmu
tak lilakne kembar manah ngeculke kowe
mugi Gusti saguh lan cepet paring gantine
#)
Jroning ati pancen tresno marang nimas
nanging aku ra biso
mbaleni kabeh crito..
Reff:
Kowe tau ono ning atiku
kowe mbiyen ngancani uripku
saikine kowe lungo ninggal
janji palsu..
opo iki piwales tresnomu
ngukir cidro neng njero batinku
ngopo tego dolanan atiku
sak penakmu..
Kowe tau ono ning atiku
kowe mbiyen ngancani uripku
saikine kowe lungo ninggal
janji palsu..
opo iki piwales tresnomu
ngukir cidro neng njero batinku
ngopo tego dolanan atiku
sak penakmu..